Latest Updates
Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts

Asal-Usul Desa Tambajarjo - Dusun Karang Duwur

Asal-Usul Desa Tambajarjo - Dusun Karang Duwur
Jeneng Tambaharjo digawe nang Surya Karsa ing tahun 1850 lan dibagi dadi 5 dusun, yaiku Karang Duwur, Bugel, Patut, Pabrit, lan Cangkringan. Sebabe dijenengi Karang Duwur amarga tanah pekarangane duwur lan paling duwur diantara lima dusun kasebut. Lan nek musim udan dusun Karang Duwur durung tau ngalami banjir kayata dusun-dusun liyane ing desa kasebut.

Sedurung tahun 1812 Tambaharjo iku tasih awujud hutan lan durung ana umah-umah. Akeh tentara Belanda utawa Jepang sing ngebom nang desa iki. Salah sawijine peninggalane yaiku Tugu Pahlawan Slana Marta Dinata ing dusun Patut.

Desa iki mulai dikebeki penduduk tahun 1812 sauwise digawe beberapa wilayah (kelurahan). Termasuk Tambaharjo sing dibentuk tahun 1850. Masyarakat mbiyen nganggep yen Karang Duwur iki dusun sing paling makmur diantara 5 dusun liyane.

Masyarakat mbien iku akeh sing menunaikan ibadah haji, amarga iku dusun Karang Duwur terkenal pula dengan sebutan dusun Keputihan. Nanging, seiring mlakune wektu, jeneng Keputihan iku wis mulai pudar lan jeneng Karang Duwur wis mulai terkenal.

Tumpak Punjen lan Tumplak Punjen

Tumpak Punjen lan Tumplak Punjen

Kabudayan Jawa nduweni upacara adat sing diarani tumpak punjen lan tumplak punjen. Upacara tumpak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang kepiasan, dene tumplak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang pungkasan.

Punjen tegese pundhi-pundhi utawa celengan. Tembung tumpak punjen maknane tumapak ngiseni celengan. Sarehdene lagi mantu sepisan, mula kudu ngati-ati anggone nanjakake lakune ekonomi. Para luhur paring pitutur kanthi pralambang utawa pasemon tumpak punjen menawa diwedharake mangkene. "Kowe kudu ngati-ati mecaki urip kang bakal kelakon, butuhmu isih akeh banget, mula sing gemi nastiti ngati-ati, nyelengana dhuwit saben dina."

Tumplak punjen uga pralambang lan pasemon. Tumplak tegese ngesok. wong kang mantu pungkasan mono karepe mung kari iku butuhe.

ADAT JAWA - Upacara Tumplak Punjen

ADAT JAWA - Upacara Tumplak Punjen
Werdining Upacara Tumplak Punjen
Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun
  1. Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
  2. Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
  3. Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
  4. Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
  5. Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa
Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.

Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.
  1. Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipun
  2. Paringipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
  3. Nyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun
Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling:
  • NGLUHURNA MRING AllAHIRA
  • NGLUHURNA WONG TUWANIRA
  • AJA LALI MARANG SEDULURIRA
  • TUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDI
  • JAGANEN JEJEGING KAUTAMAN
( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)

Ubarampe Upacara:
Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun
Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:
  1. ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanten
  2. ingkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken
Tata upacaranipun Tumplak Punjen
Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.
Dene urutanipun inggih punika:
  1.  para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
  2. yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
  3. salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun dipun sametakaken
  4. kantun piyambah, maringaken anggi-anggi kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjen
  5. salajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.

PIDATO BAHASA JAWA TEMA ISRA MI'RAJ

PIDATO BAHASA JAWA TEMA ISRA MI'RAJ
PIDATO BAHASA JAWA TEMA ISRA MI'RAJ


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Hamdan Wa Sukrolillah, Washolatu wasalamu Ala Rosulillah, Amma ba’ du.

Dumateng bapak ibu guru ingkang kawulo hormati sarto rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puja puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing panggonan mriki, ingkang sami-sami hanggadahi tujuan mengeti adicara ISRA MI'RAJ, kang klebu ceramah agama kagem santapan rohani ing ndalu punika.

Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sa’wajare mangertos dumateng junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito dhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang dado larangan-laranganipun Allah swt.

Isro’ mi’roj punika ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih kanjeng nabi Muhammad Saw. ngawontenaken isro’, inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggalipun khewan ingkang sampun dipun cawisa-ken dening Allah SWT. Kanjeng nabi mi’roj punika minggah da-teng langit, saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sidratul Muntaha. Sidratul Muntaha punika langit sap pitu.

Kawulo ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro lan mi’jor meniko bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam.

Para hadirin hadirat Rahimmakumullah. Mbok menawi namung dumugi semanten, sesorah ingkang saged kula aturaken, dene kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok menawi wonten tindak-tanduk kula saha ceweting atur kula ingkang kirang mranani penggalih. Pitungkasing atur…

Wallahu muafik ila ‘aquamithorik, Wassalamu’ alaikum wr. wb.............

Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa

Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa
PRANATACARA ADICARA PEPISAHAN SEKOLAH

Assalamu’alaikum wr.wb.

Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kula urmati para tamu undangan wali murid tuwin para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.
 
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III.
 
Kaping kalihipun mugi-mugi, salawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumangga ing adicara pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan kanthi maos Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.
 
Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan, kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia.
  1. Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan.
  2. Kalajengaken waosan ayat suci Al-Qur’an.
  3. Adicara salajengipun yoiku tanggap wacana.
  4. Panutup.
Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.
 
Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
 
Adicoro kaping tigo enggeh puniko tanggp wacana:
  • Tanggap wacana kaping setunggal saking Bapak Kepala Sekolah SMK Negeri 1 Gombiong panggenan kulo sumanggaaken.
  • Tanggap wacana kaping kalih saking siswa kelas II panggenan kulo sumanggaaken.
  • Tanggap wacana kaping tigo saking siswa kelas III panggenan kulo sumanggaaken.
Acoro engkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acoro ing dalu puniko  kito tutup kanthi waosan hamdalah sareng-sareng.
 
Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wakhiron, Wassalamualaikum Wr.Wb.

Contoh Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa

Contoh Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa
Pranata Adicara Pengajian Akbar Menyembut Bulan Suci Romadhan

Assalaamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo.
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.
Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.
 
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.
Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.
Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:
  1. Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko
  2. Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
  3. Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
  4. Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
  5. Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup
Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.
Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:
  • Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji, dumateng panjenenganipun saudara Hartono wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
  • Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
  • Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.
Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wakhiron, Wassalamualaikum Wr.Wb

Contoh Dialog Singkat Berbahasa Jawa

Contoh Dialog Singkat Berbahasa Jawa
Dina esuk Minggu Anang, Bapak, lan Ibu padha reresik omah.
Bapak : “Anang, mrenea! Rewangen Bapak ngresiki plapon iki!”
Anang : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.”
Bapak : “Nang, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonang sing reged
dhuwur kae!”
Anang : “Nggih, Pak…, menika andhanipun.”
Bapak : “Kene… kene, galo regede kaya ngana.”
Anang : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!”
Bapak : “Pancen kudune ngono Nang, mulo suk minggu kerja bakti maneh.”
Anang : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!”
Ibu : “sing ngati-ati lho Nang!”
Anang : “Nggih Bu!”
Ibu : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Nang!”
Anang : “Kembang nopo Bu? Punapa Ibu mundhut?”
Ibu : “Ora, iki kembang olehku nyuwun soko daleme Pak RT.”
Bapak : “Wis Nang, rwangana Ibumu genti!”
Anang : “Nggih Pak..!”

Pengertian dan Pangkur Serat Wedhatama

Pengertian dan Pangkur Serat Wedhatama
Serat Wédhatama ("tulisan mengenai ajaran utama") adalah sebuah karya sastra Jawa Baru yang bisa digolongkan sebagai karya moralistis-didaktis yang sedikit dipengaruhi Islam. Karya ini secara formal dinyatakan ditulis oleh KGPAA Mangkunegara IV. Walaupun demikian didapat indikasi bahwa penulisnya bukanlah satu orang.
Serat ini dianggap sebagai salah satu puncak estetika sastra Jawa abad ke-19 dan memiliki karakter mistik yang kuat. Bentuknya adalah tembang, yang biasa dipakai pada masa itu.

SERAT WEDHATAMA
(Pangkur)
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karanan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.

Menahan diri dari nafsu angkara,
karena berkenan mendidik putra
disertai indahnya tembang,
dihias penuh variasi,
agar menjiwai tujuan ilmu luhur,
yang berlaku di tanah Jawa
agama sebagai “pakaian”nya perbuatan.

Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
yekti sepi asepa lir sepah, samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglilingsemi.

Disajikan dalam serat Wedatama,
agar jangan miskin pengetahuan
walaupun tua pikun
jika tidak memahami rasa
niscaya sepi tanpa guna
bagai ampas, percuma,
pada tiap pertemuan
sering bertindak ceroboh, memalukan.

Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis

Mengikuti kemauan sendiri,
Bila berkata tanpa pertimbangan,
Tak mau dianggap bodoh,
Asal gemar dipuji-puji.
sebaliknya ciri orang yang sudah cermat akan ilmu
justru selalu merendah diri,
selalu berprasangka baik.
Si pengung nora nglegawa,

Sangsayarda deniro cacariwis,
Ngandhar-andhar angendhukur,
Kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pingging.

Si dungu tidak menyadari,
Bualannya semakin menjadi jadi,
ngelantur bicara yang tidak-tidak,
Bicaranya tidak masuk akal,
makin aneh tak ada jedanya.
Lain halnya, Si Pandai cermat dan mengalah,
Menutupi aib si bodoh.

Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip.

Demikianlah ilmu yang nyata,
Senyatanya memberikan ketentraman hati,
Gembira dibilang bodoh,
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong,
Ingin dipuji setiap hari.
Janganlah begitu caranya orang hidup.

Urip sepisan rusak,
Nora mulur nalare ting saluwir,
Kadi ta guwa kang sirung,
Sinerang ing maruta,
Gumarenggeng anggereng
Anggung gumrunggung,
Pindha padhane si mudha,
Prandene paksa kumaki.

Hidup sekali saja berantakan,
Tidak berkembang nalarnya tercabik-cabik.
Umpama goa gelap menyeramkan,
Dihembus angin,
Suaranya gemuruh menggeram,
berdengung
Seperti halnya watak anak muda
Sedah begitu masih berlagak congkak

Kikisane mung sapala,
Palayune ngendelken yayah wibi,
Bangkit tur bangsaning luhur,
Lha iya ingkang rama,
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama,
Nggon anggon agama suci.

Tujuan hidupnya tak berarti,
Maunya mengandalkan orang tuanya,
Yang terpandang serta bangsawan
Itu kan ayahmu !
Sedangkan kamu kenal saja belum,
akan hakikatnya tata krama
ajaran agama yang suci

Socaning jiwangganira,
Jer katara lamun pocapan pasthi,
Lumuh asor kudu unggul,
Semengah sesongaran,
Yen mangkono keno ingaran katungkul,
Karem ing reh kaprawiran,
Nora enak iku kaki.

Cerminan dari dalam jiwa raga mu,
Nampak jelas walau tutur kata halus,
Sifat pantang kalah maunya menang sendiri
Sombong besar mulut
Bila demikian itu, disebut orang yang terlena
Puas diri berlagak tinggi
Tidak baik itu nak !

Kekerane ngelmu karang,
Kekarangan saking bangsaning gaib,
Iku boreh paminipun,
Tan rumasuk ing jasad,
Amung aneng sajabaning daging kulup,
Yen kapengok pancabaya,
Ubayane mbalenjani.

Di dalam ilmu sihir
Rekayasa dari hal-hal gaib
Itu umpama bedak.
Tidak meresap ke dalam jasad,
Hanya ada di kulitnya saja nak
Bila terbentur marabahaya,
bisanya menghindari.

Marma ing sabisa-bisa,
Bebasane muriha tyas basuki,
Puruita-a kang patut,
Lan traping angganira,
Ana uga angger ugering kaprabon,
Abon aboning panembah,
Kang kambah ing siyang ratri.

Karena itu sebisa-bisanya,
Bahasanya, upayakan berhati baik
Bergurulah secara baik
Yang sesuai dengan dirimu
Ada juga peraturan dan pedoman bernegara,
Menjadi syarat bagi yang berbakti,
yang berlaku siang malam.

Iku kaki takok-eno,
marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus,
Kawawa nahen hawa,
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki.

Itulah nak, tanyakan
Kepada para sarjana yang menimba ilmu
Kepada jejaknya para suri tauladan yang benar,
dapat menahan hawa nafsu
Pengetahuanmu adalah senyatanya ilmu,
Tidak mesti dikuasai orang tua,
Bisa juga bagi yang muda atau miskin, nak !

Sapantuk wahyuning Gusti Allah,
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
Bangkit mikat reh mangukut,
Kukutaning jiwangga,
Yen mengkono kena sinebut wong sepuh,
Lire sepuh sepi hawa,
Awas roroning atunggil

Siapapun yang menerima wahyu Tuhan,
Dengan cemerlang mencerna ilmu tinggi,
Mampu menguasai ilmu kasampurnan,
Kesempurnaan jiwa raga,
Bila demikian pantas disebut “orang tua”.
Arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu
Paham akan dwi tunggal.

Tan samar pamoring sukma,
Sinuksmaya winahya ing ngasepi,
Sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning warana,
Tarlen saking liyep layaping aluyup,
Pindha pesating sumpena,
Sumusuping rasa jati.

Tidak lah samar menyatunya sukma,
Meresap terpatri dalam semadi,
Diendapkan dalam lubuk hati
menjadi pembuka tirai,
Tidak lain berawal dari keadaan antara sadar dan tiada
Seperti terlepasnya mimpi
Merasuknya rasa yang sejati.

Sejatine kang mangkana,
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi,
Bali alaming ngasuwung,
Tan karem karameyan,
Ingkang sipat wisesa winisesa wus,
Mulih mula mulanira,
Mulane wong anom sami.

Sebenarnya yang demikian itu sudah mendapat anugrah Tuhan,
Kembali ke “alam kosong”,
tidak mengumbar nafsu duniawi,
yang bersifat kuasa menguasai.
Kembali ke asal mula.
wahai anak muda sekalian…

Contoh Kata Pengantar Bahasa Jawa

Contoh Kata Pengantar Bahasa Jawa
Tugas mata pelajaran Bahasa Jawa berupa membuat kata pengatar Bahasa Jawa

Berikut  ini contohnya:

Muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, kulo saged ngrampungaken tugas punika, khanti mboten wonten pambeng satunggal punapa.

Matur suwun sanget dhumateng Bapak/Ibu Pembimbing ingkang sampun membimbing kulo anggenipun damel kliping punika.

Kliping punika kangge syarat nderek Ujian Praktik Bahasa Jawa wonten ing SMP INDONESIA. Ing pangajab, mugio kliping punika wonten paedahipun dhumateng kitho sedoyo.

Kliping punika taksih kirang sempurna amargi wekdal ingkang kesesa ugi kirang pangertosanipun kulo. Pramila kulo nyuwun pangapunten. Kulo sueun kritik lan saran saking pemaos, wasono matur nuwun.

Penyusun


Contoh kata pengantar bahasa jawa lainnya

Muji syukur Alhamdulillah.
Datenga Dzat ingkang Moho Murah
Ingkang paring taufiq lan hidayah
Sahingga kanthi semangat lan bergairah
Kawulo saget ngrampungaken buku Bahasa Jawa punika

Menawi susunan puniko salah
Kulo nyuwun kanthi ridhoning manah
Dipun leresaken supados genah

Lan mugiyo buku puniko saget manfaat lan mashlahah
ugi saget barokah
Tumrap poro ummah
Fiddunya wal Akhiroh.

Amiin

Demikian Contoh Kata Pengantar Bahasa Jawa semoga bermanfaat dan bisa membantu

Cari Blog Ini